Jumat, 12 Februari 2016

Drama Tradisional - Basa Jawa



  DRAMA TRADISIONAL
1. Pengertian:
 Drama tradisional yaiku drama kang nyritaaken pakawis papan panggonan lan nyritaaken panguripan kang tasih tradisional.
2. Macem lan ciri--cirine:

·        Ludruk: yaiku kesenian sing asale tekan Jawa Timur, wujude drama tradisional, kerakyatan, ana tari Remo, kidungan, banyolan, gedhing jula-juli
·        Kethoprak: yaiku kesenian drama tradisional kang iringane arupo gendhing kulonan, ana keprak/kenthingane
·        Kentrung: kesenian kang ndongengake babad, sejarah, crita rakyat,kanthi iringan terbang lan kendhang
·        Jemblung: Meh podho karo kentrung, mung ana terbang gedhe sing diarani jemblung
·        Wayang wong : drama tradisional sing nyritaake Ramayana, Mahabharata, saliyane ana dhalang uga ana waraga/paraga sing padha ngomong dhewe-dhewe
·        Tayub: yaiku tari pergaulan, biasane ditemoake ing Jawa Timur lan Jawa Tengah. Nanging yen ing Jakarta diarani Ronggeng
·        Gandrung: yaiku tari pergaulan kang asale tekan kutha Banyuwangi
·        Janger: yaiku kesenian drama tradisional sing urip ing daerah Banyuwangi. Kaya Kethoprak mung basane basa Using
·        Jaran Kepang: yaiku tarian tradisional, penarine nunggang jaran saka kepang. Kesenian iki bisa ndadi mangan beling, kembang, dupa, lan liyane
·        Reog: kesenian iki asale khas daerah Ponorogo.  Peragane singa barong, klana suwandhana, pujangganong. Nganggo wulune merak sing endah lan gedhe banget. Sing kondhang yaiku warok’e
·        Karawitan: yaiku kesenian nenabuh gamelan lan sesindhenan
·        Campursari: yaiku kesenian gagrag anyar sing nyawijekake unsure gamelan lan unsure seni tetabuhan liyane utawa musik.

2 komentar: